Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Singir Mati


Wekase wong ana krendo
Karo nangis ngaru ara
Ngelingono siro iku calon dadi kaya aku

Mbok merlokna siro iku
Nggonmu eling maring pati
Supaya siro iku bisa temen nggonmu bekti

Wong kang ana nduwur krendo
Celak-celuk maring kita
Mbok merlokna siro iku do ketemu
Maring aku

Ing saiki aku iki lunga ora bali
Salawase nggonku lunga ngasi kowe pada lali

Aku wekas sanak-sanak ojo kowe pada lena
Perkarane ngibadahmu
Saben wengi saben dina
اللهم صل وسلم على سيدنا ومولانا محمد
Abu Bakar sahabat nabi Umar Usman sayyidina ‘Ali
Ayu dulur pada shalat jama’ah ganjarane 27 derajat
Menawi repot dibagi-bagi godaan setan aja dituruti

Post a Comment for "Singir Mati"