Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Singiran Njero Kubur


Njero kubur uler singgat pada ngrubung
Siro ijen ora bapa ora biyung

Ora bojo ora anak ora putu
Gari wales ala becik wis den buku

La getune pengin urip gawe ngamal
Badan banget rumangsa kepuntal-puntal

Mula eling anak adam lapur wamu
Asal sako mani dadine awakmu

Tutug ajal siro mlebu ring kuburan
Mungkar Nakir di utus kang sifat rohman

Purih ndangu sarto ngrungu ing jawaban
Lamon bisu godo keko serantan

Lamon godo dipukulna marang gunung
Najan gede kaya gunung kang dumunung
Yakni rupo gunung ajur dadi awu

Mulo maring Allah kita kudu pasrah

Obah musik emuto amantu billah

Post a Comment for "Singiran Njero Kubur"